Buscar

Cara Cepat Hamil & Tips Hamil
Rezeki dari SMS

Apr 19, 2008

Piye Carane Nglebokke Jerapah Ning Kulkas?

Wingi sore acara pelatihan ning kantor pembicarane trainer sing mulang bab being the best (dadi sing paling apik). Aja dadi wong semenjana. Salah sawijining materi sing menarik yaiku cangkriman sing ditakoake si trainer.

Mungkin awake dewe wis tau krungu lan wis ngerti jawaban cangkriman sing jarene dikarang dening sawijining konsultan internasional. Nalika wingi sore cangkriman iku ditakoake -- ketoke ya sipilitik -- iso di bedhek karo peserta pelatihan. Sing pada njawab ethuk hadiah buku karangane si trainer.


Ana filosofi mranani ning njerone isi cangkriman, yaiku kautaman mikir kanti sederhana. Resep supaya iso njawab cangkriman, yaiku pikiran sing sederhana. Uga ana piwulang liyane, yaiku sesambungan antara cangkriman siji lan sijine, mratelaake anane sesambungan antara masalah siji lan masalah liyane kang diadepi manungsa.


Jarene naliko cangkriman ditakokke marang bocah-bocah cilik, sebagian cangkriman iso di jawab. Sebabe cah cilik pikirane isih sederhana, durung tau krungu informasi sing marakke pikirane rumit.


^_^

Apa tho isining cangkriman iku?

Cangkriman-1

Piye carane nglebokke jerapah ning kulkas?


Jawaban:

Dibukak lawange, dilebokke jerapahe, banjur lawange ditutup meneh.
(persis ngajari bocah TK nyimpen jeruk ning jero kulkas ya?)

Cangkriman-2
Piye carane nglebokke gajah ning njero kulkas?

Jawaban:

Dibukak lawange, dithokke jerapahe, dilebokke gajahe, trus ditutup meneh lawange. (Ojo lali jerapahe dithokke ndisik, ndak suk-suk-an ning jero kulkas, terus malah pada gelut)

Cangkriman-3

Macan si rajaning alas nganaake konferensi kanggo kabeh kewan.
Kewan apa sing ora teka?

Jawaban:
Mesthine wae si gajah, amarga isih ndekem ning njero kulkas. (isih ana hubungane karo cangkriman-2)

Cangkriman-4
Piye carane nyabrang kali sing dianggo omah dening baya cacahe akeh benget?


Jawaban:

Ya garek nglangi, wong bayane lagi pada melu konferensi (Hehehe isih ana sesambungane karo cangkriman sakdurunge. Masalah-masalah sing mbendina awake dewe alami mungkin pada saling berhubungan. Terutama menawa masalah iku kerep awake dewe alami).



^_^

Si trainer uga ngetokke lelucon bedane suara sapi edan karo suara sapi normal. Lelucon iku wis tau tak rungokke nalika pelatihan tentang BSE (kira-kira semacam penyakit sapi edan), sing nglatih jenenge David Buckley, konsultan GMP (good manufacturing practice) ning kantorku. Ketoke lelucon iku saiki wis terkenal, ora mung dianggo dening trainer GMP farmasi lan pangan, nanging uga trainer ilmu-ilmu liyane (undil)

0 comments:

¿Te animas a decir algo?

Rahasia Puaskan Istri Anda

Tags

Abu Nawas (29) Amazing (27) Anak Kecil (33) Aneh Dan Unik (28) BB++ (57) CERITA LUCU (181) CERITA LUCU DEWASA (84) Cerita (47) Cerita lucu abu nawas (38) Cerita ngocol (76) Cewe Cowo (64) Dokter (66) English Joke (32) English Jokes (57) Five story (24) Gallery (20) Gambar (89) Gambar Plesetan (315) Gambar n Foto Lucu (52) Guru (102) HP (40) Heboh (105) Hot Spot (34) Humor Dewasa (117) Humor Indonesia (70) Humor Umum (112) Humor and Jokes (87) Iklan Kocak (46) Indonesian Jokes (70) Info (130) Istri (75) Keren (49) Kesehatan (28) Kisah Abu Nawas (66) Komik (299) Komik Mahasiswa (123) Komik dewasa (30) Kumpulan Cerita Humor Dewasa Lucu (118) Kumpulan SMS Humor Lucu (40) Lucu (389) Mahasiswa (37) Maho (61) Mengenal Diri (58) Murid (54) Ngeri (28) Ngocol Aja (113) Parah (48) Pasien (30) Pelayan (36) Pembeli (38) Pengetahuan (35) Penjual (53) Polisi (63) SMS (83) Sekolah (55) Seven story (35) Sex (35) Sms Cinta (88) Sms Jail (52) Sms Narsis (62) Sms Romantis (80) Sms iseng (286) Sms lucu (204) Sms untuk pacar (62) Sms untuk sahabat (70) Sms untuk teman (88) Suami (41) Teka Teki (36) Tips (66) Top Ten (43) Top sepuluh (53) Umum (75) Wanita (48) bego (146) cerita anak (29) cerita manajemen (20) cerita ngakak (122) cerita pendek (179) cerpen (65) dongeng sang kancil (28) goblog (151) gokil (341) hikayat abu nawas (28) humor (99) humor abu nawas (37) kocak (340) koplak (348) lirik lagu keren (29) ngakak (352) pluralisme dan kebenaran (33) psikologi (25) puisi (106) sms idul fitri (40) sms ucapan selamat tidur (86) video (74)
Rezeki dari SMS
 
Kumpulan Humor Terbaru | Copyright © 2011 Diseñado por: compartidisimo | Con la tecnología de: Blogger