Showing posts with label cerita cekak. Show all posts
Showing posts with label cerita cekak. Show all posts
Apr 8, 2012
Cerita Lucu Bahasa Jawa: Pitik Mogok Mangan
Pithik Blorok:
Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku
Pithik Putih:
Loh njuk ngapa tho?
Pithik Blorok:
Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!. Makani barang apik ora iso popiye?
Pithik Putih:
Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan wae po?
Pithik Blorok:
Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.
^_^
Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia sak gegem, diuncalke ning lemah ben dipangan pithike. Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi. Babar pisan ora gelem mangan.
Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi banjur njukuk sega mambu ning pawon. Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora gelem mangan?.
Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur. Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.
Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem. “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme” celathune marang Ponakane. Weruh adhine metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pithike dho ora doyan mangan.
Adhine:
Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!
Mbak Dewi:
Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?
Adhine:
Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.
Pithik Blorok kaget banget krungu usulan dheweke dibeleh wae. Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.
Pithik Blorok:
Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.
Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae. Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh...
Pithik Blorok:
Enak wae. Aku ya ora gelem dibeleh ki..... (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)
Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan arem-arem. Mbak Dewi lan Adhine dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan arem-arem. Lucu tenan pithik jaman saiki (Undil-2012).
gambar karya Pablo Picasso diambil dari: http://cdn2.all-art.org
Jan 21, 2012
Cerita Lucu Bahasa Jawa: Kopi Kucing by Undil
Suwijining ndino Setro Mino mertamu ning ngomahe Setro Njingik.
Dheweke disuguhi kopi karo Setro Njingik. Sajake kopine enak tenan,
soale Setro Njingik muja-muji ngalembana marang kopi sing disuguhake.
Setro Mino banjur nyruput kopi amarga penasaran marang rasane.
Setro Mino:
Iki kopi apa tho kok rasane rada kecut?
Setro Njingik:
Kuwi kopi istimewa, meh padha karo kopi luwak sing larang kae
Setro Mino:
Woo ngono tho, kopi apa jenenge?
Setro Njingik :
Kopi kucing, aku gawe dhewe
Setro Mino:
Gaweanmu dhewe tho, apa sebape diarani kopi kucing?
Setro Njingik:
Sebape diolah lewat kucing. Yen kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurungne diolah, kopi kucing dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk. Aku pancen terinspirasi kopi luwak, ning ben gampang aku nanggo kucing wae.
Setro Mino:
Kucing doyan kopi pa?
Setro Njingik:
Ya ora no. Kopine tak gerus rada kasar, trus tak campur ikan asin, bar kuwi lagi tak pakakke kucing.
Setro Mino (wetenge mulai mules) :
Terus...
Setro Njingik:
Mengko yen wis metu bareng kotoran kucing banjur gerusan kopi disaring, dikumbah, dipepe nganti garing banjur digiling meneh nganti alus. Lha iki sampeyan sing pisanan nyoba kopi kucing loh, wong rong tau ana sing tak suguhi kopi kucing. Aku dhewe arep ngrasakke ora tegel je. Piye Kang, enak ora rasane?
Setro Mino:
Hoeeeeeekkkk! Hoeeeekkkkk! (Undil - 2012)
gambar diolah dari : www.lonvig.dk
Cerita lucu lain:
Pitik Mogok Mangan
Bakso Bangjo lan Kucing Klawu
tags: blog bahasa jawa, cerita bahasa jawa, cerita lucu basa jawa
Jan 17, 2009
Cerita Pendek Bahasa Jawa: Romo Wage lan Pak Wagu (2)
Romo Wage (romo = bapak) arep mangkat ning bale deso, kumpul bareng pemuda-pemuda arep domonstrasi mengutuk pembantaian Israel ning jalur Gaza. Rencanane demonstran saka deso-deso sak kecamatan arep demonstrasi bareng ning lapangan ngarep kantor kecamatan. Weruh Romo Wage nggawa gulungan spanduk boikot produk pendukung Israel, Pak Wagu terus nyegat ngajak ngobrol.
Pak Wagu:
Wong sing perang wong liyo kok kowe melu repot tho? Mbok ya uwis rasah melu-melu urusane wong liya?
Romo Wage:
Wela. Palestina iku sedulure awake dewe. Hamas kuwi pemerintah resmi Palestina sing menang pemilu sing demokratis. Rak yo lumrah nek deweke dipilara mungsuh, aku uga melu susah. Melu sedih lan ora trimo tho?
Pak Wagu:
Rak yo salahe dewe. Ora gelem manut karo Israel. Malah nembak nanggo roket barang. Mbok yo manut terus damai wae, rasah nanggo perang-perang barang. Israel rak mung mbales amarga di tembaki tho?
Romo Wage:
Pak Wagu, Pak Wagu!. Mbok ya maca buku sejarah. Israel kuwi wiwit jaman mbiyen yo senengane membantai umat manusia. Dadi ora merga ditembaki. Wong deweke kuwi wong asing sing manggon ning lemahe wong-wong pribumi Palestina. Rak yo ora mungkin ngrebut lemah nanggo cara alus tho?.
Terus Gaza kuwi diblokade Israel, dikepung dening tentara Israel. Kebutuhan sandang, pangan lan obat-obatan dingel-ngel mlebu Gaza. Rak yo lumrah menawa Pemerintahan Hamas mbales nembaki Israel. Wong rakyate dikepung, dipilara dening Israel, digawe angel sandang pangan mosok kon meneng wae ?
Pak Wagu:
Meneng wae.
tags: blog bahasa jawa, blog basa jawa, cerkak
Cerpen Bahasa Jawa: Romo Wage lan Pak Wagu (1)
Suwijing ndina Romo Wage (romo = bapak) sing lagi mulih saka pertemuan arisan Ibu-ibu ning balai desa kanggo pidato bab perlune sumbangan kanggo rakyat Palestina ning Gaza sing lagi dikuyo-kuyo Israel -- ketemu Pak Wagu. Wong iku gumun weruh duwit sak besek sing arep di setor Romo Wage marang Panitia Solidaritas Palestina tingkat kecamatan sing sekretariate cedak kantor kecamatan.
Pak Wagu:
Ngopo tho ndadak nyumbang adoh-adoh ning Palestina. Mbok yo nyumbang wong-wong tangga desa sing kebanjiran wae. Ben wae do perang dewe, rak yo jagoku sing menang.
Romo Wage:
Wela, aku rak wis nyumbang korban banjir, wingi sore ning pertemuan Bapak-bapak. Malah sampeyan sing durung nyumbang korban banjir. Durung ana ning daftarku ki!.
Pak Wagu:
Lha aku rak wis nyumbang sarung tho!. Arepa wis suwek gedhi, rak yo isih iso dianggo basahan nek lagi adus tho?
Romo Wage:
Wooo iya aku kelingan. Nyuwun pangapuramu kang, lali aku menawa sampeyan sampun nyumbang sarung. Daftar sumbangan barang bekas sing nggawa dudu aku je, Pak Lurah sing nggawa. Aku saukur nggawa sumbangan barang anyar.
Ngertiya Kang Wagu! Aku nyumbang wong Palestina amarga mesakake lagi dipilara dening Israel kang diewangi Amerika. Uga amarga aku salut, hormat, lan muji marang kawanenane Pemerintahan Hamas mungsuh serdadu Israel. Ing atase gamane mung apa anane, ning iso dadi satria winibawa. Disegani lan diwedeni dening Israel lan Amerika. Dadi kelingan simbah-simbah mbiyen kang wani perang mungsuh serdadu Walanda lan serdadu Inggris sanajan gamane mung bambu runcing.
^_^
Liyo dina Pak Wagu teka ning ngomahe Romo Wage arep titip kunci omah karo pasrah ayam alas lan manuk kuthut kesayangane supaya dirumat Romo Wage. Pak Wagu arep lunga adoh tilik anak ragile sing lagi wae babaran ning Kalimantan.
Romo Wage;
Lha piye tho? Kok ndadak tilik barang? Rasah lungo adoh-adoh ning Kalimantan. Mbok tilik anakmu sing ning tangga desa wae. Dheweke rak minggu wingi bar kebanjiran tho?
Pak Wagu:
Wah sampeyan aja ngono tho. Kok njuk di balik balikke. Anak ragilku rak yo mesakake nek ora ana keluargane sing niliki. Kamangka bojone lagi tugas ning pedalaman. Mosok terus dinengke wae. Anakku sing kebanjiran ora perlu tak tiliki, wong wis kulino kebanjiran kok. Tur ya wis nelpon aku nek ora perlu tak tiliki.
Romo Wage:
Gene ki sampeyan yo ngerti prioritas? Kok isa-isane wingi ngomong ndadak adoh-adoh mbantu Palestina. Lha yo kudu di prioritaske dibantu wong lagi dianiaya dening penjajah. Ya kudu ana sing ngewangi. Paling orang menehi sandang, pangan lan obat-obatan ben iso urip normal kaya sedulur-sedulure ning Indonesia.
Pak Wagu:
Meneng wae
tags: blog bahasa jawa, blog basa jawa, cerkak
Subscribe to:
Posts (Atom)
Tags
Abu Nawas
(29)
Amazing
(27)
Anak Kecil
(33)
Aneh Dan Unik
(28)
BB++
(57)
CERITA LUCU
(181)
CERITA LUCU DEWASA
(84)
Cerita
(47)
Cerita lucu abu nawas
(38)
Cerita ngocol
(76)
Cewe Cowo
(64)
Dokter
(66)
English Joke
(32)
English Jokes
(57)
Five story
(24)
Gallery
(20)
Gambar
(89)
Gambar Plesetan
(315)
Gambar n Foto Lucu
(52)
Guru
(102)
HP
(40)
Heboh
(105)
Hot Spot
(34)
Humor Dewasa
(117)
Humor Indonesia
(70)
Humor Umum
(112)
Humor and Jokes
(87)
Iklan Kocak
(46)
Indonesian Jokes
(70)
Info
(130)
Istri
(75)
Keren
(49)
Kesehatan
(28)
Kisah Abu Nawas
(66)
Komik
(299)
Komik Mahasiswa
(123)
Komik dewasa
(30)
Kumpulan Cerita Humor Dewasa Lucu
(118)
Kumpulan SMS Humor Lucu
(40)
Lucu
(389)
Mahasiswa
(37)
Maho
(61)
Mengenal Diri
(58)
Murid
(54)
Ngeri
(28)
Ngocol Aja
(113)
Parah
(48)
Pasien
(30)
Pelayan
(36)
Pembeli
(38)
Pengetahuan
(35)
Penjual
(53)
Polisi
(63)
SMS
(83)
Sekolah
(55)
Seven story
(35)
Sex
(35)
Sms Cinta
(88)
Sms Jail
(52)
Sms Narsis
(62)
Sms Romantis
(80)
Sms iseng
(286)
Sms lucu
(204)
Sms untuk pacar
(62)
Sms untuk sahabat
(70)
Sms untuk teman
(88)
Suami
(41)
Teka Teki
(36)
Tips
(66)
Top Ten
(43)
Top sepuluh
(53)
Umum
(75)
Wanita
(48)
bego
(146)
cerita anak
(29)
cerita manajemen
(20)
cerita ngakak
(122)
cerita pendek
(179)
cerpen
(65)
dongeng sang kancil
(28)
goblog
(151)
gokil
(341)
hikayat abu nawas
(28)
humor
(99)
humor abu nawas
(37)
kocak
(340)
koplak
(348)
lirik lagu keren
(29)
ngakak
(352)
pluralisme dan kebenaran
(33)
psikologi
(25)
puisi
(106)
sms idul fitri
(40)
sms ucapan selamat tidur
(86)
video
(74)














